Waosan: Matius 12:22-32 | Pamuji: KPK 298
Nats: “Manawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awaké dhéwé, manawa mangkono krajané bisane lestari kapriye?” (ay.26)
Wonten salah satunggaling kulawarga ingkang tansah congkrah. Antawisipun semah asring padu, mila para putranipun rumaos boten krasan ing griyanipun piyambak, malahan kepengin mlajeng saking griyanipun. Kawontenan punika mbokmenawi nate kita alami. Tamtunipun kita kepengin nggadhahi bale griya ingkang rukun lan tentrem.
Ing satunggaling ibadah daup suci, ibu Pendeta ingkang ngladosi pangibadah punika, paring pitungkas kanggé temanten. Pitungkasipun gandhèng kaliyan tigang prekawis ingkang kedah dipun lampahi dening temantèn kekalih, nggih menika “maaf”, “tolong”, lan “terimakasih”. Menawi dipun penggalih -antawisipun semah– asring boten purun nyuwun pangapunten dhateng semahipun, nalika nggadhahi kalepatan utawi nindakaken prekawis ingkang lepat, tegesipun mboten purun ngakeni kalepatanipun. Semanten ugi ngucapaken tembung “tulung” nalika nyuwun pitulungan saking sèmahipun, karana sampun kaanggep biasa. Boten namung ngucapaken tembung “tulung”, ngaturaken panuwun utawi ngucapaken tembung “terimakasih” dhateng sèmahipun ugi kados èwet malahan asring kaanggep aneh.
Tetembungan punika pancen prasaja lan kados mboten wonten ginanipun. Nanging kosokwangsulipun, tetembungan ing inggil kalawau saged dados wiwitan ingkang saé tumrap tiyang ingkang mbangun gesang neningkahan. Pangandikanipun Gusti Allah ing waosan kita, ngèngetaken bilih krajaning sang Iblis ugi badhe sirna menawi para Iblis punika sami dredah. Punapa malih kaliyan gesang neningkahan ingkang tansah wonten ing swasana dredah/ congkrah, mesthinipun ugi boten badhe lestari. Antawisipun anggota keluarga sami memengsahan.
Tembung “maaf”, “tolong” lan “terimakasih”, menawi dipun cakaken ing satengahing kulawarga, saged dados tuladha ingkang saé bab ajèn-ingajèni. Mila para putra ugi badhe rumaos krasan, tansah caket lan tresna dhateng tiyang sepuhipun, matemah kaluwarga badhe lestari binerkahan. [DK]
“Rahayu tyang gegriya ingkang tansah rumaket ing Gusti.”