Waosan : Efesus 2 : 1 – 10 | Pamuji : KPK 175 : 1, 3
Nats: “…marga saka sih rahmat kowe padha kapitulungan rahayu…..”[ayat 4,5]
Rahayu menika tansah dipun ajeng-ajeng tiyang ing jagad menika. Perkawis menika cetha saking pandonganipun tiyang sepuh dhateng anak utaminipun ingkang nembe lair. Awit tiyang sepuh kepengin anak ingkang nembe lair manika tansah rahayu ngantos dumugi delahan. Paramila tiyang sepuh menika paring tenger dhateng anakipun: Rahayu, Sugeng, Wilujeng, Slamet, Widada, lsp.
Ing waosan kita wonten satunggaling lelampahan ingkang wigatos tumraping gesang Kristen, inggih menika kawilujengan/ karahayon ingkang menyejarah. Kawastanan menyejarah karana lelampahan menika sampun kalampahan, samenika kalampahan lan taksih badhe kalampahan. Wosipun mekaten bilih pakaryanipun Gusti Allah sampun kalampahan tumrap manungsa. Lan pakaryan ingkang dipun wiwiti jaman samangke, badhe nampi kamulyan ing jaman-jaman ingkang badhe kalampahan. Anjawi saking menika sinaosta kawilujenganipun tiyang Kristen dados pengalaman ingkang sampun kalampahan, pramila kawilujengan menika klebet lelampahan enggal ingkang saged kangge nuju leladi ingkang sae.
Dados, paring tenger lan ndedonga supados anak menika wilujeng kanthi paring tenger dhateng Anak menika sae. Awit menika pratandha bilih tiyang sepuh paring pandonga kangge anak ingkang menyejarah, ingkang sampun kalampahan, samangke kalampahan lan tansah dados pengajeng-ajeng. Temtu kemawon taksih tansah dipun tambahi pandonga ingkang tanpa kendhat awit sedaya wegdal menika wonten ingkang nguwaosi inggih menika Gusti Allah. Kawilujengan kange tiyang Kristen mesthi tansah lan badhe dipun tampeni, nanging taksih kedah setya tuhu dipun lampahi ing gesang temah saestu kawilujengan menika saestu langgeng ngantos delahan. Amin.[Bpur]
“Kawilujengan saged sirna menawi kita boten ngukuhi.”