Influenza lan Affluenza

Waosan: 2 Kor 13:5-10 | Pamuji: KPJ 84
Nats:
“Titinen awakmu dhéwé, apa kowé padha urip sajroning precaya.” (ayat 5)

Kita sampun umum mangertos penyakit influenza, inggih menika satunggaling penyakit ringan ing mangsa pancaroba ingkang gejalanipun nggregesi, watuk lan pilek. Penyakit menika ketingalipun remeh ananging sipatipun nular.  Menawi satunggaling anggota keluarga kenging virus menika, sanesipun ing sakiwa tengen ugi ketularan. Menawi Affluenza menika istilah kangge penyakit sosial ingkang nular. Gejalanipun tiyang karana wonten ing keadaan berlebihan (kekathahen utang utawi sugih ora ukur) lajeng mboten saged nyumerepi konsekuensi tumindakipun ingkang lepat utawi nerak paugeran. Cekakipun, karana kawontenanipun ingkang linuwih rumaos mboten punapa menawi tiyang menika mboten perduli dhateng tiyang sanes lan tatanan. Conto: “anake wong sugih kebut-kebutan neng ndalan”, menawi nabrak tiyang utawi urusan kaliyan polisi, tiyang sepuhipun ingkang nebus awit rumaos arta saged mberesi samubarang. “Semana uga wong mlarat, karana kahanan kepepet njur mbenerke awake dhewe njupuk barange tanggane supaya bisa nguluri uripe.” Tumindak ingkang kados mekaten menawi mboten dipun tegesi kanthi penegakan hukum saged dados wabah sosial ingkang ageng lan ndadosaken rusuh ing masyarakat.

Rasul Paulus mireng pawartos bilih sawetawis pasamuwan Korintus tumindak awon ing tengahing masyarakat. Menika mrihatosaken, menika mratandhani bilih pamratobat gesang ing Sang Kristus mboten saestu katindakaken. Paulus kagungan kuwajiban merdi tiyang-tiyang menika supados pratingkah awon menika mboten nulari warga pasamuwan sanesipun. Rasul Paulus ugi ngengetaken supados sadherek-sadherek tunggal iman ugi sami mbiyantu enget-ingengetaken bab tumindak ingkang bener minangka wujuding gesang enggal ing sang Kristus. Sampun ngantos mendel lan mboten preduli! Menawi boten mekaten, ateges kita mboten wonten bedanipun kaliyan tiyang ingkang tumindak awon. Prayogi jujur nalika ngengetaken sedherek ingkang lepat, katimbang ngrasani utawi mendel awit ngeboti rasa sungkan. [yusak]

“Urip kang becik dumadi saka laku gemati.”

 

Bagikan Entri Ini: