Indonesia Kecil

28 June 2016

Waosan:  Efesus 2: 11-22  |   Pamuji: KPK 142: 1.
Nats;
“Marga iya Panjenengane iku tentrem-rahayu kita, kang wus manunggalake sakaro-karone dadi siji lan kang wus ngrubuhake tembok singgetan, yoiku sesatron.“ [ayat 14]

Asrama Fakultas Teologi Universitas Kristen Duta Wacana ingkang manggen wonten ing daerah Seturan Sleman, Yogyakarta dipun wastani Indonesia kecil. Kasebut mekaten awit wonten ing asrama punika wonten mahasiswa saking sedaya tlatah Indonesia, saking Sumatera, Kalimantan, Papua, Jawi, Sulawesi, Bali lan Nusa Tenggara. Pramila mahasiswa ing asrama punika pribadinipun benten-benten. Wonten ingkang kaku, wonten ingkang luwes, wonten ingkang kalem, wonten ingkang giyak. Wiwitan manggen ing asrama kathah ingkang mboten saged nampi kahanan ingkang kados mekatan kalawau. Nanging danggu-danggu sami saged nampi. Kasunyatanipun saged sesarengan gesang wonten ing asrama punika watawis kalih taun kanthi ayem tentrem lan rukun. Malahan sasampunipun sami semburat, wangsul dhateng papanipun piyambak-piyambak, sapunika sami kangen.

Saderengipun Gusti Yesus rawuh wonten ing donya, karahayon punika kados-kados namung dipun darbeni dening bangsa Yahudi kemawon, satemah sanesipun mboten saged nampeni karahayon. Punika ingkang asring ndadosaken pager singgetan antawisipun tiyang Yahudi kaliyan sanes Yahudi; bangsa Yahudi rumaos dados bangsa paling utama. Ananging rawuhipun Gusti Yesus saestu ngasta tentrem-rahayu kangge sedaya bangsa, awit Gusti Yesus sampun ngrubuhake tembok singgetan ing antawisipun sedaya bangsa, manunggalaken sedaya bangsa (ayat 14). Gusti Yesus martosaken tentrem-rahayu kangge sinten kemawon (ayat 17-19).

Keberagaman punika sejatosipun inggih kelampahan wonten ing lingkungan kita. Pramila supados saged nampi keberagaman, anak-anak kedah kita atag saking alit bilih Gusti nitahaken manungsa punika manekawarni, ananging Gusti tetep mberkahi sedaya tanpa pilih kasih. Satemah lumantar piwulang punika, ing manah anak-anak kita saged tuwuh raos ngajeni, nresnani tiyang sanes senaosa beten suku bangsa lan agaminipun. Satemah karukunan punika saged maujud wonten ing keberagaman, lan kanthi mekaten gesang kita lan anak turun kita saged nampi tentrem-rahayu. [GL]

“Sesatron nggawa karusakan, karukunan nggawa katentrem-rahayu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak