Cara Ingkang Leres

16 June 2016

Waosan : II Samuel 13: 23-39   |   Pamuji: KPK 190

Tamtu kita sedaya taksih kemutan kaliyan ontran-ontran ingkang kedadosan ing wulan Januari 2016.  Wonten teror bom ing toko Sarinah Jl. Thamrin Jakarta. Tumrap para teroris, punapa ingkang dipun tindakaken punika perkawis ingkang leres, mila kanthi lila ngurbanaken gesangipun piyambak ngantos pejah. Para teroris punika ugi mboten perduli bilih tumindakipun punika mbebayani lan mitunani tiyang sanes. Kosokwangsulipun tumrap para polisi lan masyarakat, punapa ingkang dipun tindakaken dening para teroris punika lepat sanget lan kalebet kejahatan. Senaosa alesan ingkang ndhasari tumindakipun para teroris punika mbokmenawi kemawon sae (tumrap golongipun piyambak) ananging krana dipun tindaken kanthi cara ingkang awon lan mboten leres kangge masyarakat, mila malah mboten saged nyurung supados bab ingkang sae saged kelampahan.

Nalika perkawis ingkang sae dipun perjuangkan kanthi cara ingkang lepat, mila saged nuwuhaken masalah ingkang saged ndadosaken kapitunan kangge badan kita piyambak. Waosan kita ing dinten punika ngemutaken dhumateng kula lan panjenegan sedaya supados mbudidaya bab ingkang sae kanthi cara ingkang leres supados mboten nuwuhaken pambengan tumrap gesang ananging nuwuhaken berkahipun Gusti Allah.

Absalom kepingin maringi ganjaran dhumateng Amnon awit tumindakipun ingkang kirang tata dhumateng Tamar. Makaten ugi Amnon, kanthi cara ingkang lepat anggenipun nyelaki Tamar, karana katresnanipun. Mila lajeng Amnon lan Absalom kedah ngundhuh wohing pakartinipun piyambak ingkang awon. Sedaya kalawau ngemutaken kita dhumateng tumindakipun Dawud ingkang menjahi Uria supados saged sesandhingan kaliyan Betsyeba.

Wigatos sanget tumrap kita ngangge cara ingkang leres kangge memperjuangkan pepinginan lan panggayuh ingkang kita wastani sae. Setya tuhu dhumateng dhawuhipun Gusti Allah punika berkah kangge gesang kita. Mila kita kedah paring piwucal dhateng para yoga lan wayah supados sami damel cara ingkang leres kangge mburu panggayuhipun. [AM]

“Perkawis ingkang sae bilih dipun gayuh kangge cara ingkang leres tamtu nuwuhaken berkahipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak