Waosan : Yesaya 2 : 12 – 17 | Pamuji : KPK 87
Nats: “Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukake lan wong kang angkuh bakal padha diesorake, amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.” [ayat 17]
Salah setunggaling wataking manungsa nggih punika gumunggung. Tiyang ingkang dipun paringi bandha donya asring ngegungaken kasugihanipun. Tiyang ingkang gadhahi pangkat asring ngegungaken kadrajatanipun. Tiyang ingkang dipun paringi kasarasan asring ngegungaken kakiyatan badanipun. Pranyata kahananipun manungsa ing donya punika boten selaminipun ajeg. Tiyang ingkang sugih saged dados mlarat. Tiyang ingkang dados pejabat saged lengser lan kagantos sanesipun. Tiyang ingkang rosa saged dados ringkih.
Yesaya kautus dening Gusti Allah martosaken paukuman kangge bangsa Israel. Bangsa Israel sampun boten setya malih dhateng Gusti Allah karana namung ngegungaken kakiyatanipun piyambak lan nyembah brahala. Perkawis punika ndadosaken dukanipun Gusti Allah. Karana punika Gusti Allah ngukum bangsa Israel supados ngrumaosi sedaya dosa durakanipun sarta purun mratobat dhateng Gusti. Paukumanipun Gusti Allah punika nyata dhateng tiyang Israel ingkang gumunggung lan angkuh ing ngarsanipun Gusti. Tiyang Israel kaukum dados bangsa jajahan lan kabucal ing Babel.
Kados pundi gesang kita? Punapa ingkang kita gungaken ing gesang punika? Kita kedah enget bilih kahananing manungsa punika winates. Manungsa kathah kakiranganipun. Namung Gusti Allah ingkang dados sumbering samukawis. Kita saged kemawon makarya rinten dalu nanging berkah punika peparingipun Gusti. Kadrajatan/ jabatan boten saged ndadosaken ayem lan tentreming manah, karana etuking kaayeman lan katentremaning gesang namung wonten ing Gusti. Kita ngupaya supados seger waras nanging kawilujengan gesang kita namung ing astanipun Gusti. Pramila sampun ngantos kita gumunggung lan angkuh! Nanging mangga kita tansah andap asor! Kita rumaos bilih punapa ingkang kita gadhahi punika peparingipun Gusti ingkang kedah kaginakaken kagem ngluhuraken Asmanipun Gusti. Mekaten ugi kita tansah saos sukur awit sih katresnanipun Gusti kita saged kaberkahan wilujeng. [AR]
“Wong gumunggung bakal gumlundhung, wong andhap asor bakal oleh pamor.”