Aja Dendam!

28 October 2017

Waosan : Wulang Bebasan 24 : 23 – 34 | Pamuji : KPJ 339
Nats: “Aja duwé pangucap: “Kayadéné kang dadi panggawéné wong iku marang aku, iya kaya mangkono bakal tandukku marang wong mau. Aku males marang wong manut panggawéné.” [ayat 29]

Sawetawis wekdal sasampunipun perang dunia II, wonten prajurit 2 ingkang rumiyinipun memengsahan, pepanggihan saméja ing salah satunggaling cafe ing kutha New York. Ingkang satunggal rumiyin prajurit Jerman lan satunggalipun prajurit Amerika, kekalihipun ketawis gegojègan gayeng.

“Bro, jané ngapa kok awakmu mbiyèn ora némbak aku, malah aku mbok culné nalika aku pas mlayu kepergok awakmu.. Mangka prajurit Jerman ‘kan tau nyerbu prajuritmu ?” mekaten pitakènipun mantan tantra Jerman.

“Iya, Bro… Nalika semana aku rumangsa mesakné nyawang awakmu sing wis kepèpèt ora nemu dalan mlayu. Dadi rasa dendamku ilang sanalika. Karo manèh sing mungsuhan rikala kuwi ‘kan bangsaku karo bangsamu, dudu aku lan awakmu.. ???” Mekaten wangsulanipun mantan prajurit Amerika. Lajeng kekalihipun nggujeng lan nyruput kopi ingkang sampun cemawis ing méja.

Pituturing para wicaksana ing Wulang Bebasan paring pepènget dhateng kita sedaya, bilih punjer saking risaking gesang sesarenganipun manungsa punika inggih tuwuh saking raos sengit ing manah. Manungsa satunggal lan satunggalipun memengsahan, wonteni raos dendam, boten jujur, mawang tiyang, sarta gesang boten prasaja lsp. Umumipun inggih amargi wonten raos sengit ing salebeting manahipun manungsa.

Kanggé ngatasi raos sengit kalawau boten wonten malih ingkang saged kita lampahi, anjawi kita tansah mbangun raos tresna ing sadhéngah prekawis lan kahanan ingkang kita panggihi wonten gesang punika. Lan supados kalis, sampun samesthinipun menawi kita ugi tansah rumaket kaliyan Tuking katresnan ingkang sejatos, inggih menika Gusti Yesus Kristus.
Mila, sugeng mangun gesang ingkang rumaket kaliyan Sang Hyang Tuking katresnan ingkang sejatos. Kanthi mekaten manah kita tansah kinebakan gunging katresnan ingkang saking Gusti. [wn]

“Rahayu wong wicaksana, binerkahan kang agung ing katresnan!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak