Takdir…?

12 February 2017

Waosan : Pangandharing Toret 30 : 15 – 20 | Pamuji : KPK 81
Nats: “…urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip…!” [ayat 19]

Takdir utawi pepesthen asring dipun pitadosi dening tiyang nalika ngalami kawontenan ingkang boten mbingahaken. Nalika sakit, kesripahan lan warni-warni karibedan, tiyang lajeng ngudarasa supados nrima ing pandum. Panrima ingkang makaten saged kawastanan pitados dhateng takdir. Gusti sampun ngrancang sedaya kelampahaning gesangipun manungsa, lan manungsa namung nglampahi rancanganiPUN. Bungah, susah, rejeki, kasangsaran lan samukawis ingkang kedadosan punika sampun kapesthekaken dening Allah.

Piwucal bab takdir punika ngetingalaken bilih manungsa cupet ing pemanggih. Nalika sampun dumugi ing watesing nalar lan kapinteranipun, manungsa lajeng netepaken bilih sedaya punika awit kersanipun ingkang Mahakawasa. Pikiran ingkang makaten punika sejatosipun saged kawastanan mitenah Gusti Allah. Sanes Gusti ingkang ndhawuhaken bab takdir, nanging manungsa ingkang mastani takdir sami kaliyan karsanipun Allah. Ing bab punika kita ngraosaken bilih manungsa mboten tanggungjawab ngengingi pendamelipun piyambak, awit akibat tumindakipun dipun sebut minangka takdir –kersanipun Allah. Sipat mboten tanggungjawab punika asring sanget dipun lampahi dening manungsa. Menawi pepinginanipun mboten saged kelampahan, dipun wastani sampun takdir –kersanipun Allah. Menawi wonten ingkang awon ing gesang punika, sedaya akibat takdir (lepatipun Allah pribadi).

Waosan kita dinten punika mratelakaken kosokwangsulipun. Takdir punika mboten wonten, awit rancanganipun Gusti namung punapa ingkang sae kangge manungsa lan sedaya titah. Pangandikanipun Gusti Allah ngetingalaken bilih Panjenenganipun ngrancang bab kawilujenganipun manungsa. Menawi manungsa mboten ngugemi pangandikanipun Allah, punika ateges manungsa milih piyambak akibat tumindakipun. Menawi manungsa ngugemi pangandikanipun Allah, ateges manungsa milih gesang wilujeng sesarengan kaliyan Gusti. Berkah lan laknat punika pilihan, sanes takdir. Piwucal kitab suci punika nggulawenthah kita supados gesang kanthi tanggungjawab. Saben tiyang kedah tanggeljawab ngengingi pendamelipun piyambak. Dhawuhipun Allah punika adil lan ndadosaken manungsa tambah dewasa. [DLS]

Takdire Allah iku ora ana. Sing ana sihe Allah.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak